Selasa, 10 Mei 2016

EKALAYA

Dudu lupute yen sira dadi Nisada
Dudu kekarepane yen sira dudu putra Ngastina
Nanging Dorna ora gelem rumangsa
Malah ninggalake sira

Pradaksina Dorna dadi ganti
Ngancani sira nglampahi ari
Pungkasane sira bisa mukti

Ekalaya
Iku arane
Bagus rupane
Tur sugih pangapurane

Janaka mung bisa ngresula
Bareng ngerti Ekalaya luwih bisa
Slirane banjur madul Dorna

Ekalaya, murid kang wicaksana
Driji jempol tengene sirna
Namung dadi pratandha
Yen Ekalaya muride Dorna

Tidak ada komentar:

Posting Komentar